Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Asu ( Magelang )


Prakawis Candhi Asu wonten ing Klathen, sumangga mirsani Candhi Asu (Prambanan)
Candi Asu iku jeneng sawijining candhi paninggalan budaya Hindhu ing Desa Candi Pos, Kelurahan Sengi, kecamatan Dukun, Kabupaten Magelang, provinsi Jawa Tengah.
Ing sacedhaké kono ana rong (2) candhi Hindhu liyané, yaiku candi Pendhem lan candhi Lumbung. jeneng candhi iki jeneng anyar sing diwènèhaké déning wong sakupengé kono. Prakara jeneng iki ana rong panemu.

Candi Jiwa

Candhi Jiwa iku sawijining candhi sing dumunung ing Situs Candhi Batujaya, yakuwi situs candhi saka abad wiwitan Masehi, sing ditemokaké ing kecamatan Batujaya lan sebageyan ing kecamatan Pakisjaya, kabupatèn Karawang, provinsi Jawa Kulon.

Candi Cangkuang

Candhi Cangkuang iku sawijining candhi Hindhu sing dumunung ing Kampung Pulo, wilayah Cangkuang, Kecamatan Leles, Garut, Jawa Kulon. Candhi iki uga sing pisanan ditemokaké ing Tatar Sundha sarta minangka siji-sijiné candhi Hindu ing Tatar Sundha.

Candi Kalasan

Candhi Kalasan utawa Candhi Tara dibangun watara pungkasan abad kaping 8 M utawa wiwitan abad kaping-9 M ing sadhuwuring bangunan candhi kuna. Sawijining prasasti kuna sing digawé ing taun 778 M atas printah Raka i Panangkaran lan ditemokaké ora adoh saka candhi lan mènèhi katrangan yèn candhi dibangun kanggo ngurmati Bodhisattva wanita, Tara. Wiwitané, mung ditemokaké siji candhi ing situs mau, yaiku candhi Kalasan, nanging sawisé didhudhuk luwih jero ditemokaké luwih akèh manèh bangunan bangunan pendhukung ing saubengé candhi. Candhi iki nduwèni dhuwur 6 meter lan 52 stupa

Candi Sewu

Candhi Sewu iku candhi Buddha sing dibangun ing abad kaping-8 sing let-é mung wolung atus mèter ing saloring candhi Prambanan. Candhi Sewu minangka komplèk candhi Buddha paling gedhé kaloro sawisé candhi Barabudhur ing Jawa Tengah. Candhi Sewu umuré luwih tuwa katimbang candhi Prambanan. Senadyan asliné ana 257 candi, déning masyarakat candhi iki dijenengaké Candi "Sewu". Pawèwèh jeneng iki magepokan karo legenda Loro Jonggrang.

Candi Losari

Candi Losari iku sawijining candhi sing dinuga manut paugeran Hindhu, manggon ing Dusun Losari, Desa Salam, Kecamatan Salam, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah (lokasi).

Candi Mendut

Candhi Mendut iku sawijining candhi mawa latar wuri agama Buddha. Candhi iki dumunung ing désa Mendut, kecamatan Mungkid, Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah, sawetara kilomèter saka candhi Barabudhur.