Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Borobudur

Borabudhur (basa Indonesia: ‘’Borobudur’’), iku jenenge sawijining candhi Buddha sing panggonane ane ing Kabupaten Magelang, provinsi Jawa Tengah. Lokasi candhi iki kurang luwih 100 km ing sisih kidul-kuloning Semarang lan 40 km ing sisih lor-kuloning Yogyakarta. Candhi iki yasane pamarentah wangsa Syailendra ing kiwa tengening abad kaping 9 Masehi. Candhi iki candhi panganut agama Buddha Mahayana
Candi Borobudhur
 Jeneng Borobudhur
Akeh teori sing kepengin nerangake jenenge candhi iki. Salah sijining celathu yen jeneng iki mbok menawa asale saka tembung Sambharabhudhara, sing tegese "gunung" (bhudara) sing imbange ana teras-terase. Teori liya celathu yen tembung barabudhur sangkane saka pangucapan "para buddha" sing malih dadi "barabudhur". Banjur miturut teori liya tembung iki saka tetembungan "bara" lan "beduhur". Tembung "bara" jare sangkane saka tembung wihara lan beduhur tegese "dhuwur". Dadi karepe asrama sing panggonane dhuwur.
Reca Buddha ing candhi Barabudhur.
 Stuktur Candi 
Candhi Barabudhur bentuke punden maundak, sing tumata saka enem tingkat awujud bujur sangkar, telung tingkat awujud bundher mlungker lan sawijining stupa utama sing dadi puncake. Saliyane iku ing kabeh tingkat kasebar pirang-pirang stupa.

Relief
Ing saben tingkatan ana relief-relief sing padha ditatah ing temboking candhi. Relief-relief iki carane maca miturut saubenging dom jam utawa nganggo basa Kawi diarani mapradaksina. Tembung iki sangkane saka basa Sansekreta daksina sing tegese iku kidul. Relief-relief iki warna-warna isi critane, antara liya ana relief-relief bab wiracarita Ramayana.

dikutip saking : http://wapedia.mobi/jv/Barabudhur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar