Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Prambanan



Candhi Prambanan iku kompleks candhi Hindu sing gedhé dhéwé ing Indonesia, ing pulo Jawa, kurang luwih 20 km wétan Yogyakarta, 40 km kulon Surakarta lan 120 km kidul Semarang, persis ing watesing provinsi Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Candhi Prambanan manggon ing désa Prambanan sing tlatahe dibagi antara kabupaten Sleman lan Klaten.
Candi Prambanan
 Para ahli purbakala ndugam candhi ini dibangun ing sawetaraning taun 850 Masehi dening Rakai PikatanMataram I sing kaping loro) utawa Dyah Balitung. Nanging ora suwe sawuse candhi iki binangun, banjur ditinggalake lan wiwit rusak. (raja seka wangsa
Renovasi candhi iki diwiwiti ing taun 1918, lan nganti sepréné durung rampung. Gedhong utama lagi dirampungaké ing taun 1953. Akèh pérangan candhi sing direnovasi nganggo watu anyar amarga watu-watu sing asli wis dicolong utawa dienggo ing panggonan liya. Salah sawijining candhi mung bakal dipugar yen minimal 75% watu asline isih ana. Mula saka kuwi, akeh candhi-candhi cilik sing ora dibangun manèh lan mung katon landhesan pondasiné waé.
Saiki candhi iki sawijining situs warisan dunya sing kareksa déning UNESCO wiwit taun 1991. Tegesé antara liya, komplèks iki kareksa lan ndhuwé status astamiwa. Contone yèn ing mangsa perang, ora olèh dicedhaki wong-wong sing ayuda.
Candhi Prambanan iku candhi Hindhu sing gedhé dhéwé ing Asia Kidul-Wetan, dhuwure gedhong utama iku 47 meter.
Kompleks candhi iki tinata saka 8 candhi utama lan luwih saka 250 candhi cilik.
Telung candhi utama diarani Trisakti lan disajèkaké ing sang hyang Trimurti: Bathara Siwa sang Pangrusak, Bathara Wisnu sang Panggulawentah lan Bathara Brahma sang Pancipta.
Reca Bathara Gana (Ganesa) ing Prambanan

Candhi Siwa ing tengah-tengah, isine patang kamar, sakamar ing saben arah mata angin. Sawetara iku sing pratama amopt sawijiing reca Bathara Siwa sing dhuwuré ana telung mèter, telu liyane isi reca-reca sing ukurané luwih cilik, yaiku reca Durga, sakti utawa garwa Bathara Siwa, Agastya, guruné, lan Ganesa, putrane.
Reca Durga uga diarani Rara utawa Lara Jongrang (rara langsing) karo pendunung sing papan kono.
Rong candhi liyane katur kagem Hyang Wisnu, sing madhep lor lan sijiné katur Hyang Brahma, sing madhep kidul. Saliyané iku ana pirang-pirang candhi cilik liya sing diaturake marang Sang Lembu Nandini, wahanaAngsa (banyak), wahana Bathara Brahma, lan sang Garudha, wahana Bathara Wisnu. Bathara Siwa, sang
Terus relief ing saubenging rong puluh pinggiran candhi nggambaraké wiracarita Ramayana. Vèrsi sing digambaraké ing kéné béda karo vèrsi Kakawin Ramayana Jawa Kuna, anging mèmper karo crita Ramayana sing diturunaké liwat tradhisi oral.
Salah sijining Trisakti
   Saliyané iku komplèks candhi iki kakupeng luwih saka 250 candhi sing ukurané béda-béda lan diarani perwara.

Dikutip Saking : http://wapedia.mobi/jv/Prambanan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar