Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Cangkuang

Candhi Cangkuang iku sawijining candhi Hindhu sing dumunung ing Kampung Pulo, wilayah Cangkuang, Kecamatan Leles, Garut, Jawa Kulon. Candhi iki uga sing pisanan ditemokaké ing Tatar Sundha sarta minangka siji-sijiné candhi Hindu ing Tatar Sundha.
 
Candi Cangkuang

Sajarah

Candhi iki pisanan ditemokaké taun 1966 déning tim paneliti Harsoyo lan Uka Candrasasmita adhedhasar lapuran Vorderman (terbit taun 1893) ngenani anané reca sing rusak sarta makam leluhur Arif Muhammad ing Leles. Saliyané nemokaké reruntuhan candhi, ana uga serpihan péso sarta watu-watu gedhé sing dikira paninggalan jaman megalitikum. Panelitèn sabanjuré (taun 1967 lan 1968) kasil nemokaké bangunan makam.
Senadyan mèh dipesthèkaké yèn candhi iki minangka paninggalan agama Hindhu (watara abad kaping-8 M, sawijining jaman kanthi candhi-candhi ing situs Batujaya lan Cibuaya?), sing nggumunaké yakuwi anané pamakaman Islam ing sisihé.
Candi Cangkuang siji-sijine candi neng jawa kulon
 Geografi
Candhi Cangkuang dumunung ing sawijining pulo cilik sing wanguné dawa saka kulon mangétan lan jembaré 16,5 ha. Pulo cilik iki ana ing tengah tlaga Cangkuang ing koordinat 106°54'36,79" Bujur Wétan lan 7°06'09" Lintang Kidul. Saliyané pulo sing nduwèni candhi, ing tlaga iki ana uga loro pulo liyané kanthi ukuran sing luwih cilik.
Lokasi tlaga Cangkuang iki topografiné dumung ing lembah sing subur kira-kira 600-an m l.b.s. (lumahing banyu segara), sing dikubengi pagunungan: Gunung Haruman (1.218 m l.b.l.) ing sisih wétan - lor, Pasir Kadaleman (681 m l.b.s.) ing sisih kidul-wétan, Pasir Gadung (1.841 m l.b.s.) ing sisih kidul, Gunung Guntur (2.849 m l.b.s.) ing sisih kulon-kidul, Gunung Malang (1.329 m l.b.s.) ing sisih kulon, Gunung Mandalawangi ing sisih kidul-lor, sarta Gunung Kaledong (1.249 m l.b.s.) ing sisih wétan.

Bangunan Candhi

Bangunan Candhi Cangkuang sing bisa dideleng saiki iki minangka asil pamugaran sing diresmèkaké taun 1978. Candhi ini madeg ing sawijining lahan pesagi kanthi ukuran 4,7 x 4,7 m, dhuwur 30 cm. Sikil bangunan sing nyokong pelipit padma, pelipit kumuda, lan pelipit pasagi ukurané 4,5 x 4,5 m dhuwur 1,37 m. Ing sisih wétan ana penampil kanggo trap munggah sing dawané 1,5 m lan amba 1,26 m.
Ing antarané sisa-sisa bangunan candhi, ditemokaké uga reca (taun 1800-an) kanthi posisi pinuju sila ing sakndhuwuring padmasana gandha. Kahanan reca iki wis rusak, rainé drata, bagéan tangan nganti ugel-ugel wis ilang. Ambané rai 8 cm, amba pundhak 18 cm, amba pinggang 9 cm, padmasana 38 cm (dhuwuré 14 cm), lapik 37 cm & 45 cm (dhuwur 6 cm lan 19 cm), dhuwur 41 cm.
Candhi Cangkuang kaya sing katon saiki, sakbeneré minangka asil rekayasa rékonstruksi, sebab bangunan asliné mung 35%-an. Mula saka kuwi, wangun bangunan Candhi Cangkuang sing sakbeneré durung diweruhi.
Candhi iki dunungé watara 3 m ing sisih kidulé makam Arif Muhammad.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar