Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Kalasan

Candhi Kalasan utawa Candhi Tara dibangun watara pungkasan abad kaping 8 M utawa wiwitan abad kaping-9 M ing sadhuwuring bangunan candhi kuna. Sawijining prasasti kuna sing digawé ing taun 778 M atas printah Raka i Panangkaran lan ditemokaké ora adoh saka candhi lan mènèhi katrangan yèn candhi dibangun kanggo ngurmati Bodhisattva wanita, Tara. Wiwitané, mung ditemokaké siji candhi ing situs mau, yaiku candhi Kalasan, nanging sawisé didhudhuk luwih jero ditemokaké luwih akèh manèh bangunan bangunan pendhukung ing saubengé candhi. Candhi iki nduwèni dhuwur 6 meter lan 52 stupa
Candhi Kalasan, ora adoh saka Candhi Prambanan
 Prasasti iki uga nyatakaké yèn candhi iki digawé déning rong raja sacara bebarengan yaiku raja saka Wangsa Syailendra lan raja saka Mataram Hindu sing ora diweruhi jenengé ing zaman Wangsa Syailendra.

Dikutip Saking : http://wapedia.mobi/jv/Candhi_Kalasan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar