Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Losari

Candi Losari iku sawijining candhi sing dinuga manut paugeran Hindhu, manggon ing Dusun Losari, Desa Salam, Kecamatan Salam, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah (lokasi).


Riwayat Panemon

Candhi Losari katemokaké ing satengahé kebon salak nalika Badri, sing nduwé kebon kuwi, ngedhuk kalènan ing 11 Mei 2004. Pranyata, ing kedhukan mau ana watu candhi akèh. Badri, sing sidana-dinané dadi guru SMP N 12 ing Kutha Magelang, nggawa kondur watu-watu mau lan disusun manèh ing plataran omahé. Panemon mau banjur katerusaké kanthi ekskavasi arkeologis klan rekonstruksi déning pamarèntah liwat Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala Jawa Tengah lan Balai Arkeologi Yogyakarta.

Wujud lan Kondhisi Candhi

Saka situs iki lagi ditemokaké bangunan candhi siji sing wutuh, kurugan lahar Gunung Merapi. Candhi iku udakara 3x3 meter, ngadhep ngulon.
Miturut Ketua tim peneliti Candi Losari Balai Arkeologi Yogyakarta, Baskoro Daru Tjahyono, candhi iki klebu candhi Hindhu dideleng seka relief (ukiran) ing candhi perwara. Udakara, candhi Losari iki dibangun ing abad ka-9 Masehi ing jaman krajan Mataram Kuna. Candhi iki kependhem amarga jeblugan Gunung Merapi, kira-kira klakon ing taun 925-928 Masehi. Yèn dideleng seka adohé ing antarané candhi (0-2 km), candhi iki klebu klompok Candhi Wukir lan Candhi Mantingan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar