Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Jiwa

Candhi Jiwa iku sawijining candhi sing dumunung ing Situs Candhi Batujaya, yakuwi situs candhi saka abad wiwitan Masehi, sing ditemokaké ing kecamatan Batujaya lan sebageyan ing kecamatan Pakisjaya, kabupatèn Karawang, provinsi Jawa Kulon.
Struktur bagéan dhuwur candhi iki nuduhaké wangun kaya kembang padma (teraté). Ing sisih njero ana denah struktur bunder sing kaya-kayané tilas stupa utawa lapik reca Buddha. Ing candhi iki oea ditemokaké trap, saéngga wujudé mper karo stupa utawa reca Buddha ing sadhuwuré kembang teraté sing nuju mekar lan ngambang ing banyu. Wangun kaya ngéné iki unik lan durung naté ditemokaké ing Indonesia. Wangunan candhi Jiwa ora digawé saka watu, nanging saka bata.

Candi Jiwa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar