Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Mendut

Candhi Mendut iku sawijining candhi mawa latar wuri agama Buddha. Candhi iki dumunung ing désa Mendut, kecamatan Mungkid, Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah, sawetara kilomèter saka candhi Barabudhur.

Candhi Mendut
   Mangsa Pambangunan

Reruntuhan candi Mendut sadurungé dipugar, taun 1880
  Candhi Mendut diadegaké samangsa pamaréntahan Raja Indra saka dinasti Syailendra. Jroning prasasti Karangtengah sing mawa tarikh 824 Masèhi, disebutaké yèn raja Indra wis mbangun bangunan suci kanthi jeneng wenuwana sing tegesé alas pring. Déning ahli arkéologi Walanda J.G. de Casparis, tembung iki dihubungaké karo Candhi Mendut.

 Arsitektur Candi
Bahan bangunan candhi sakbeneré arupa bata sing ditutupi nganggo watu alam. Bangunan iki mapan ing sawijining basement sing dhuwur, saéngga katon luwih anggun lan kuwat. Trap munggah lan lawang mlebu madhep ngidul-kulon. Sadhuwuring basement ana lurung sing ngubengi awak candhi. Payoné tingkat telu lan direngga nganggo stupa-stupa cilik. Cacahing stupa-stupa cilik sing kapasang saiki ana 48 iji.
Dhuwur bangunan yaiku 26,4 mèter.

dikutip saking : 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar