Kamis, 28 Oktober 2010

Candi Asu ( Magelang )


Prakawis Candhi Asu wonten ing Klathen, sumangga mirsani Candhi Asu (Prambanan)
Candi Asu iku jeneng sawijining candhi paninggalan budaya Hindhu ing Desa Candi Pos, Kelurahan Sengi, kecamatan Dukun, Kabupaten Magelang, provinsi Jawa Tengah.
Ing sacedhaké kono ana rong (2) candhi Hindhu liyané, yaiku candi Pendhem lan candhi Lumbung. jeneng candhi iki jeneng anyar sing diwènèhaké déning wong sakupengé kono. Prakara jeneng iki ana rong panemu. Sing sepisan, dijenengi "Asu" amarga ing sacedhaké kono ana reca Lembu Nandi, titihané dewa Siwa sing dianggep asu déning wong-wong kono. panemu kapindho, tembung "Asu" dijupuk seka tembung "aso" (ngaso) utawa panggonan kanggo ngleremké awak. Déné, candhi Lumbung amarga dianggep candhi kuwi mbiyèn kanggo lumbung pari. Katelu candhi iku ana ing pinggiré Kali Pabelan lan Kali Tlingsing. Telu-teluné ngadhep kulon. Ing telung candhi iki uga ana rong (bolongan) kaya sumur. Miturut Soekmono (arkeolog), sumur iki kanggo manembah mring leluwur.
candhi Asu wujudé segi papat (bujur sangkar) kanthi ukuran 7,94 meter. Dhuwuré 2,5 meter. Dhuwur wuwungané ora konangan amarga wus runtuh lan sapérangan watuné wis ilang. Ing sacedhaké kono ditemokaké prasasti watu loro awujud tugu (lingga), yaiku prasasti Kurambitan I lan Prasasti Kurambitan II.
Miturut prasasti iki, katelu candhi iki kagawé ing taun 869 Masehi. Prasasti kawetokaké déning Pamgat Tirutanu Pu Apus.
Candi Asu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar